Selasa, 27 Mei 2014

LEGENDA TUBAN, JAWA TIMUR, INDONESIA


L E G E N D H A
“ WATU GAJAH ”
Dening : Putri Rahmatul Isti’anah




Watu gajah (batu gajah), yaiku sebutan warga Tuban kanggo nyebut sakumpulan watu gedhe sing ana ing tengah ladang sing ditanduri jagung lan kacang iku. Padha karo jenenge, salah sawijine bongkahan watu iku yen dideleng saklebetan ancen bentuke mirip kaya “gajah”.

            Saliyane bentuke sing “unik”, watu gajah iku uga duwe sisi liya, yaiku kisah sing ngagumake lan merata ing masyarakat kiwa-tengene, yakuwi “Legenda Watu Gajah”.

            Panggonan watu gajah ana ing desa Bejagung, kecamatan Semanding, ora adoh saka jalan raya Semanding tumuju wisata “Pemandian Bektiharjo”.

            Jeneng watu gajah sing artine Batu Gajah, iku mergane yen dideleng saklebatan bongkahan watu gedhe iku wujude kaya gajah lan macem – macem posisi lan postur. Ana sing mengkurep, ngadhek, turonan, lan saliya – liyane. Lengkap karo mata, kuping, lan belalaine. Watu – watu sing warnane ireng iku dewe panggonane padha cedakan, saorane ana lima watu sing gedhe uga bentuke mirip gajah ing kono. Amerga akeh sukete ing sekitar panggonane, nyebabake watu kuwi kurang jelas keadaane. Saliyane kuwi ana siji watu gedhe sing bentuke kaya “Puzzle” nganggo telung keping pecahan watu.

            Ora ngerti kapan watu – watu iku dijenengi “Watu Gajah”. Miturut cerita (legendha) sing dicritakake warga sapanggonan, keadaane watu gajah mbiyen ana kaitane karo sejarah Sunan Bejagung, sawijining Kyai sekti sing dimakamake 500 meter lore watu gajah.

            Miturut juru kuncine makam Sunan Bejagung, watu gajah iku mbiyen dikisahake kanggo pasukan gajah teka Mahapatih Gajahmada sing arep marani Pangeran Pengulu (Sunan Bejagung) kanggo kondur ing Kerajaan Majapahit. Nanging ing tengahe dalan ana sawijining santri sing ndeleng lan cepet nglaporake pasuka gajah marang Sunan Bejagung. Akhire, pasukan gajah iku iso diubah kaliyan Sunan Bejagung dadi watu. Pas sadurunge piyambake kasil nuju pesantren. Cerita iku dikuatake karo keterangan pemilik tanah sapanggon, yaiku Pak Takjim.

            Cerita sing luwih lengkape yaiku, mbiyen salah sawijining putera mahkotane Kerajaan Majapahit, putera Prabu Hayam Wuruk (Brawijaya IV), sing jenengipun Pangeran Sudimoro (sakniki dikenal kaliyan jeneng Pangeran Pengulu/Syekh Hasyim Alamuddin/Sunan Bejagung Kidul) metu saka kerajaan sebabe dheweke mboten purun dados putera mahkota. Dheweke seneng nuntut Ilmu. Dheweke tindhak dhateng Tuban kanggo nggolek guru Ilmu Syari’at, Thoriqot, Haqiqot, lan Ma’rifat. Sabanjure teka ing Tuban, dheweke ketemu kaliyan Kanjeng Sunan Bejagung. Lan Pangeran Sudimoro ngaji dateng panjenenganipun. Sampe dados orang alim, sing akhire didadosaken menantu kalian Kanjeng Sunan lan didadosaken Kiai ten Kasunanan Bejagung; banjur Sunan Bejagung uzlah teng utaranipun Kasunanan, salah sawijining ladang sing kebak karo tanduran tani.
            Pas Pangeran Sudimoro taksih ngaji dhateng Kasunanan Bejagung, Prabu Hayam Wuruk terus nggoleki panjenenganipun. Sabanjure weruh yen putrane ngaji ten padepokan Sunan Bejagung Tuban, Sang Prabu langsung merintah patihe, Gajah Mada sing nduweni ilmu kadigjayan sing tiriggi lan terkenal supados ilmu Barat Ketigo, kanggo ngajak sang putera mahkota (Pangeran Sudimoro) bali ing Majapahit.
            Wara – wara iku dirongokake kalian Pangeran Sudimoro; dheweke ngadep ten Sunan Bejagung, njaluk supados panjenenganipun nulungi kanggo nolak karepe Sang Prabu Hayam Wuruk. Sebabe Pangeran Sudimoro pengen tetep sinau ilmu agama Islam bae, mboten purun dados Raja.
            Kakarepane Pangeran Sudimoro iku dikabulake kalian Sunan Bejagung, banjur Sunan Bejagung “menggaret” tanah sakitare Padepokan Kasunanan Bejagung sing sampe saiki dijenengi “Siti Garet”, supaya tentara Majapahit ora iso mlebu Kasunanan. Akhire sabanjure tentara Majapahit arepe mlebu Kasunanan ora iso, akhire mandhek ing arah selatan Kasunanan. Salah sawijining santri matur dhateng Kanjeng Sunan ne king sebelah selatan Kasunanan aeh pasukan gajah saka Majapahit. Kanjeng Sunan kandha, “Mboten gajah, nanging watu”. Satibane iku kabeh gajah berubah dadi watu, sing sampe saiki isih dikenal karo jeneng “Watu Gajah”.
            Saka bukti iku, mudun nelusuri dalan setapak terus nuju perkampungan makam lan pesantren Sunan Bejagung.

            Saliyane cerita iku ancene watu gajah apik kanggo wisata. Apa meneh panggnane cedhak karo lapangan duweke desa sapanggonan.

            Yen wektu sore ana bae warga sing kumpul ing sekitare watu gajah. Beberapa saliyane omong – omongan ing dhuwure watu iku. Ing sekitare watu iku uga ana gua lan ditukuli semak belukar. Ndeleng ambane kawasan gua iku lan akehe lubang gua kanggo lawang mlebu. Ketoke gua watu gajah iku dhuweni lorong akeh lan relung gua sing amba uga dawa.

            Anane watu gajah iku dadi akeh pitakon gedhe lan cukup ngagumake, yaiku piye bentuk lan keadaan njero gua iku. Lan apa bae sing ana ing njerone.

            Saumpama ditelusuri luwih dawa iso bae ing njerone ana potensi mutiara – mutiara kependem sing ana kaitane karo keindahan gua asline. Ora ngerti Pemerintah daerah sawilayah nyadari dan ndelok potensi wisata sing kependem iku lan palingan dinjarno ngono bae.

1 komentar: