L E G E N D H A
“ WATU GAJAH ”
Dening :
Putri Rahmatul Isti’anah
Watu gajah (batu gajah), yaiku sebutan warga Tuban kanggo
nyebut sakumpulan watu gedhe sing ana ing tengah ladang sing ditanduri jagung
lan kacang iku. Padha karo jenenge, salah sawijine bongkahan watu iku yen
dideleng saklebetan ancen bentuke mirip kaya “gajah”.
Saliyane bentuke sing “unik”, watu
gajah iku uga duwe sisi liya, yaiku kisah sing ngagumake lan merata ing
masyarakat kiwa-tengene, yakuwi “Legenda
Watu Gajah”.
Panggonan watu gajah ana ing desa
Bejagung, kecamatan Semanding, ora adoh saka jalan raya Semanding tumuju wisata
“Pemandian Bektiharjo”.
Jeneng watu gajah sing artine Batu
Gajah, iku mergane yen dideleng saklebatan bongkahan watu gedhe iku wujude kaya
gajah lan macem – macem posisi lan postur. Ana sing mengkurep, ngadhek,
turonan, lan saliya – liyane. Lengkap karo mata, kuping, lan belalaine. Watu –
watu sing warnane ireng iku dewe panggonane padha cedakan, saorane ana lima
watu sing gedhe uga bentuke mirip gajah ing kono. Amerga akeh sukete ing
sekitar panggonane, nyebabake watu kuwi kurang jelas keadaane. Saliyane kuwi
ana siji watu gedhe sing bentuke kaya “Puzzle” nganggo telung keping pecahan
watu.
Ora ngerti kapan watu – watu iku
dijenengi “Watu Gajah”. Miturut cerita (legendha) sing dicritakake warga
sapanggonan, keadaane watu gajah mbiyen ana kaitane karo sejarah Sunan
Bejagung, sawijining Kyai sekti sing dimakamake 500 meter lore watu gajah.
Miturut juru kuncine makam Sunan
Bejagung, watu gajah iku mbiyen dikisahake kanggo pasukan gajah teka Mahapatih
Gajahmada sing arep marani Pangeran Pengulu (Sunan Bejagung) kanggo kondur ing
Kerajaan Majapahit. Nanging ing tengahe dalan ana sawijining santri sing
ndeleng lan cepet nglaporake pasuka gajah marang Sunan Bejagung. Akhire,
pasukan gajah iku iso diubah kaliyan Sunan Bejagung dadi watu. Pas sadurunge
piyambake kasil nuju pesantren. Cerita
iku dikuatake karo keterangan pemilik tanah sapanggon, yaiku Pak Takjim.
Cerita sing luwih lengkape yaiku,
mbiyen salah sawijining putera mahkotane Kerajaan Majapahit, putera Prabu Hayam Wuruk (Brawijaya IV), sing jenengipun Pangeran
Sudimoro (sakniki dikenal kaliyan jeneng Pangeran Pengulu/Syekh Hasyim
Alamuddin/Sunan Bejagung Kidul) metu saka kerajaan sebabe dheweke mboten purun
dados putera mahkota. Dheweke seneng nuntut Ilmu. Dheweke tindhak dhateng Tuban
kanggo nggolek guru Ilmu Syari’at, Thoriqot, Haqiqot, lan Ma’rifat.
Sabanjure teka ing Tuban, dheweke ketemu kaliyan Kanjeng Sunan Bejagung. Lan
Pangeran Sudimoro ngaji dateng panjenenganipun. Sampe dados orang alim, sing
akhire didadosaken menantu kalian Kanjeng Sunan lan didadosaken Kiai ten
Kasunanan Bejagung; banjur Sunan Bejagung uzlah teng utaranipun Kasunanan,
salah sawijining ladang sing kebak karo tanduran tani.
Pas Pangeran Sudimoro taksih ngaji
dhateng Kasunanan Bejagung, Prabu Hayam Wuruk terus nggoleki panjenenganipun.
Sabanjure weruh yen putrane ngaji ten padepokan Sunan Bejagung Tuban, Sang
Prabu langsung merintah patihe, Gajah Mada sing nduweni ilmu kadigjayan sing
tiriggi lan terkenal supados ilmu Barat Ketigo, kanggo ngajak sang putera
mahkota (Pangeran Sudimoro) bali ing Majapahit.
Wara – wara iku dirongokake kalian
Pangeran Sudimoro; dheweke ngadep ten Sunan Bejagung, njaluk supados panjenenganipun
nulungi kanggo nolak karepe Sang Prabu Hayam Wuruk. Sebabe Pangeran Sudimoro
pengen tetep sinau ilmu agama Islam bae, mboten purun dados Raja.
Kakarepane Pangeran Sudimoro iku
dikabulake kalian Sunan Bejagung, banjur Sunan Bejagung “menggaret” tanah
sakitare Padepokan Kasunanan Bejagung sing sampe saiki dijenengi “Siti Garet”,
supaya tentara Majapahit ora iso mlebu Kasunanan. Akhire sabanjure tentara
Majapahit arepe mlebu Kasunanan ora iso, akhire mandhek ing arah selatan
Kasunanan. Salah sawijining santri matur dhateng Kanjeng Sunan ne king sebelah
selatan Kasunanan aeh pasukan gajah saka Majapahit. Kanjeng Sunan kandha,
“Mboten gajah, nanging watu”. Satibane iku kabeh gajah berubah dadi watu, sing
sampe saiki isih dikenal karo jeneng “Watu Gajah”.
Saka bukti iku, mudun nelusuri dalan
setapak terus nuju perkampungan makam lan pesantren Sunan Bejagung.
Saliyane cerita iku ancene watu
gajah apik kanggo wisata. Apa meneh panggnane cedhak karo lapangan duweke desa
sapanggonan.
Yen wektu sore ana bae warga sing kumpul
ing sekitare watu gajah. Beberapa saliyane omong – omongan ing dhuwure watu
iku. Ing sekitare watu iku uga ana gua lan ditukuli semak belukar. Ndeleng
ambane kawasan gua iku lan akehe lubang gua kanggo lawang mlebu. Ketoke gua
watu gajah iku dhuweni lorong akeh lan relung gua sing amba uga dawa.
Anane watu gajah iku dadi akeh
pitakon gedhe lan cukup ngagumake, yaiku piye bentuk lan keadaan njero gua iku.
Lan apa bae sing ana ing njerone.
Saumpama ditelusuri luwih dawa iso
bae ing njerone ana potensi mutiara – mutiara kependem sing ana kaitane karo
keindahan gua asline. Ora ngerti Pemerintah daerah sawilayah nyadari dan ndelok
potensi wisata sing kependem iku lan palingan dinjarno ngono bae.